Contoh Cerkak Bahasa Jawa Budi Pekerti Ngoko
Wongtuwo ku due anak limo. Aku anak nomer papat. Due anak akeh ki ora gampang. Jare bapak ku. Wongtuwo kudu iso nanamke budi pekerti marang anak-anakke. Anak siji wes gede, adi adi liane lagi tumbuh berkembang. Jari ibu apik e nanamke budi pekerti soko cilik.
Contoh nanamke budi pekerti ke anak ora angel tur rumit. Jare bapak. Carane iso soko sing sederhana wae. Misale buwang sampah ojo sembarangan. Iki sepele tapi yen wes dipupuk soko cilik mengko anak pas dewasa iso biasa ora buang sampah sang enggon-enggon.
Soko kebiasaan ora buang sampah sembarang iso jalar ning endi-endi. Misale terkai tingkah laku terkait. Ora buang sampah sembarangan sak ora orane ngajari anak loro: seneng resikan utawa jaga kebersihan karo ngajarke perbuatan sing apik.
Contoh budi pekerti sing sepele misale kebiasaan maem bersama ning meja makan. Iki udu perkoro madang thok tapi pie carane sak keluarga iso kumpul. Sembari maem mereka iso cerita opo wae sing wes dilakok ke sedino iki. Antara bapak ibu lan anak-anake iso tambah kompak.
Soko ajaran bapak ibu sing sepele iku aku dadi reti tibae ngoni iku tho maksudte. Kadang nyepelekke nanging iki iso disebut tabungan go masa depan. Udu duit nanging perilaku. Suk yen wes gede aku iso dadi wong sing setiti lan ora gegabah serta iso bahagiake wongtuwo. Amin.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar